Rumangsa

Mandan awan banene rika nyong pada tangine nganti ora krungu adzan Subuh. Nek wis biasa tangi gasik banjur Subuh, rasane mesthi krasa salah, rumangsa dosa uga ora tenang banjur nduwe semangat lewih kepriwe carane ngesuk ora kedadian maning, ning nek rika pada anu kebiasaan tangi awan, ya hawa adhem srengenge urung keton marakna kepenak narik slimut maning njur merem ben matane kuyuhan setan.

Akeh kedadian sing liyane neng ndunya marakna menungsa kelalen banjur ora rumangsa wis beda karo tatanan liyane, mulane ana wong pindah kejaba nututi kerjaan, ana uga pindah merga ora betah, ana maning sing dipindah kerjaan merga dianggep ora mampu. Kedadian wong ora ngrumangsani nyebabna protes.

Menungsa kerja karo tenaga karo pikiran, ditidokna neng gusti Allah ana sirah tekan rambut kelek tekan kuku ana fungsine ndewek-dewek. Sayange menungsa sering kelalen neng ndunya kerja rumangsa tuwa tur kawit jaman sengsara usaha akhire post power syndrome, ora rumangsa jaman wis owah.

Menungsa ana sing kerja manfangatna kabeh ciptaning Allah sekang utek tekan sikil biasane wong pimpinan uga wajar bisa nduwe kedudukan apik. Ning nek mung ngandalke umur tur ora bisa mikir, ngandalna pasrah ning njaluk gaji gedhe ya kudu rumangsa gelem jagong nunggoni tempat kerja nganti sore mbengi nggo nggolet sambilan tambahan. ora ketang jagong nunggoni pos satpam nganti tekan niliki lampu mati utawa sampah pating slemprah.

Kedadian menungsa ora rumangsa nandakna sejatine uripe ora paham ikhlas senajan kaji umrah, nandakna sombong ora rumangsani jaman gantian, nandakna srakah ora gelem gantian nek rejeki kanggo generasi selanjute, utawa ora ikhlas nek nulung menungsa ora kudu ana pamrihe.

Akhire ngrasakna awak kaya raja , nyipati sombong kaya bagiane kaya kerajaane akhire kelalen nek kuwe sejatine nggustikna awake dewek, njur sesumbar angger langka rika ganu orakaya kuwe, dudu sebalike nek oranana nggon kerja sing gelem nampa rika, mesti rika ya ora teyeng nduwe umah mobil tur ngkebokna sedulur kadang kabeh kerja.

Menungsa kuwe kudu rumangsa brayan, sing wis tau njabat suwe ya gantian, ora usah jengkel, nek esih pengin sripilan ya gantian melu ngewulani aja malah ngrasa dadi raja bae, wong jamane wis bedha.

Angger ngerti brayan, bisa ngetung sapa kanca dulur sing akhire kaya kerajaan neng perusahaan, merca anak po akan adhi sepupu uga liyane wis mlebu kuwe wis jenenge rejeki sekang gusti Allah SWT.

Esih karep kaya paling digdaya, gusti Allah sing arep nyabut ilange rasa sukure rika padha sekang macem macem kedaden. Apamaning nyolu crita nganah ngeneh golet dukungan ning salah kaprah.

Kedadinan wong sing seneng gunjingan neng mburi merga iri, akhire gaweane ya mung males malesan, krasa wis orateyeng apa apa ning duite njaluk akeh ora rumangsa mlah kuwe sung jenengane dholim.

Wong sing ndolimi awake dhewek ya sing ora manfangatna wektu nggo kebajikan, jagong, rasan, udud, ora ngerti langkah karo maksud tujuane. Ngertine mung jengkel nek gaweane dikoreksi. Padahal wis diajari nek jenenge kebecikan gusti Allah terus ditingkatna ibadah wajib wis ana, esih olih sunah lan seteruse ibadah liyane.

Dadi aneh nek ana wong sregep maring mesjid , wis ibadah kaji karo umrah, kerja esih etungan, apa maning jagong tok njaluk gaji duwur nggo ngopeni keluarga, ya ora berkah. Mayuh awake dewek mbuh ASN mbuh swasta mbuh pimpinan mbuh bawahan, lewihna kerja nggo ngibadah ora mung ngetung gaji sepira, melas sing pada kemringet liyane ngupayakna kerja ben ngumpulna penghasilan kanggo perusahaan ben bisa hasile nggo brayan.

Sing kreatif sing kuat goli tulung tinulung, aja rumangsa wis tau, wis tua, jamane gemiyen ya pada isine golet bathi, tekan tuwa ya ora ikhlas angger ana sing ngganteni. Crita ndopok tekan endi ora ngrasani kebijakan pimpinan, akhire nggolet cara provokasi, ora rumangsa awake dhewek sing salah. Kelilaaan.

Beri komentar :
Share Yuk !