Sambat

Wis kawit anane menungsa, siji liyane awake dhewek kabeh ngerti nek kawit nabi Adam A.S, sambat. Semana uga nabi liyane, ngerteni dadi fitrahe menungsa banjur sambat, maring menungsa. Percaya apa ora genah sambate menungsa karo Gusti Allah ben ngrumangsani nek makhluk neng ndunya ya kudu ngerti fitrahe. Menungsa kejaba sambat ndonga ana kewajiban ngibadah.

Bojo sambat kencot karo wong wadon kon masak ana kewajiban nafkahi. Semana uga sambate wong wadon njaluk dipenuhi jaluke kudu bekti karo lanange. Sambat sinambat nek banjur dipenuhi hak kewajibane marakna kuripan neng ndunya tentrem.

Jalal Rika pada sing kerja wis sambat karo pimpinane njaluk tambahan gaji, njaluk hadiah, njaluk fasilitas, jebul ora ngleksanakna amanah apa sing kudu dilakokna. Kejaba Gusti Allah nekseni rika ora amanah, kanca, ngisoran nduwuran bakal ngrasani kenangapa wong mbejud gaweane njagong ora kreatif gajine tetep duwur.

Kerja mung mangkat jagong ngobrol oranana sisi lewihe sedekah wektu, pikiran tenaga orasusah ndadak ditegur. Semana uga aja dengki nek ana anak buah sing berprestasi. Ya kudu mulai dipikirna kepriwe aweh tambahan, penghargaan utawa liyane. Kaya kuwe kabeh kudu bareng mikir kawit pimpinan rumah tangga tekan presidene. Ora kabeh sambat kudu tekan nduwur, ning nek pimpinan langsunge bundhet ya ora salah langsung lapor, mung resikone kabeh dianggap ora teyeng brayan neng unite dewek-dewek .

Kabeh sambat rika padha wis mangsane gawe solusi. Bisa nulung wong lumpuh, mulai kudu bisa mikirna lumpuhe lingkungane dewek mulai sekang lumpuhe cara kerjane, lumpuh kreatife, lumpuh administrasine, tekan lumpuh ekonomine. Wektu nggo sambat kudu diimbangi karo menuhi sambate sing kurang.

Kakehen crita ngalor ngidul ora teyeng nrantasi akhire kabeh gawean tumpuk neng ngisor. Babagan kaya kuwe marakna kabeh tatanan pegawean ora rampung merga prinsip ide karo tugas langsung visi pimpinan nggo uncal uncalan tekan staff paling ngisor, akibate wektu nggo gawe surat selembar bae bisa nunggu nganti pedinan, ora bisa rampung mung sejam. Nandakna kualitas pimpinan ora bisa nunjukna kompetensi, bisane mrentah. Mrentah angger genah lumayan, akehe prentah ora genah.

Watek sambat sing ora tanggungjawab, nek kumpul karo sing sifate pada akhire nyalahna sing prentah. Ana maning bawahan sing kerja sepenake dhewek ya pada karo pimpinane, marakna organisasi ora mlaku. Nek ngadep pimpinan gayane kaya militer siap, 86, utawa kaya santri sami’na waatha’na jebule bar kuwe bingung, wis bingung keminter ora takon nek ora mudeng, nek ditakoni semaure kelalen, utawa banjur malah takon liyane.

Liyane kancane pada bawahan ora mudeng nyaranaken sing ora mudeng, banjur nek ditakoni ndi gaweane hasile neng pimpinane, njawal. Jerene kae anu kiye. Watek sambat sing salah marakna kabeh kerjaan ora dadi profesional. Ora bisa nempatna awake dhewek, ora fokus karo posisine dadi apa.

Sipat menungsa sambat janjane kudu dingerteni nek awake dhewek kuwe lemah. Mulane ben kuat kudu brayan. Ora teyeng takon ning karo sing prentah utawa sing sambat, aja ngasi wong sambat lara weteng sing diobati tangane. Kuwe sing rika pada sering nanggepi wong sambat dadi salah. Akhire ana sing merga disambati menangna pemilu merga salah ngewulani sambate wong nepsu, liyane pada ora rila pada lapor laporan kuat kuatan sing disambati.

Kuwe alane menungsa, kabeh nek tumindak tulung tinulung nek ora kanti niat uga cara sing apik, ya isine regejegan, mbiyen kanca apik, siki weruh pada ketangkep ya mung bisa ngelus dada. Mung merga perkara sambat sinambat thok, menungsa bisa dadi padha kejeglong. Siji sarate wong sambat utawa disambat, ikhlas, aja digawe gela, banjur liyane rumangsa, nek wis rumangsa awake dewek bisa ngewulani wong sambat dadi seneng ning ora sombong. Kaya kuwe ya lurrr. Sing wis ketangkep merga gawean sambat sinambat sing ikhlas, ora susah nyalahna wong sing njaluk sambat. Wong disambati nyolong gelem, ya ketangkep. Ngganea ora … Kelilaan.

Beri komentar :
Share Yuk !