Ngacar

Jaman siki wong nyebut era 4.0 yakuwe jaman digital, artificial intelligence menungsa nggunakna kemampuan ilmune liwat gelombang-gelombang elektromagnetik sing ana neng alam semesta nggo nggerakna mesin, nyiptakna barang. Desain, robot, komunikasi jarak jauh uga liya-liyane termasuk oprasi jarak jauh angger kabeh fasilitas karo kekuatan dayane wis nyesuekna kabeh alat.

Ilmu ilmune Gusti Allah wis meh kabeh diadopsi neng menungsa, mungkin kiye sing wis dijenengi akhir jaman. Jaman ganu menungsa bisa ngembangna telepati, jere sing Duwe ilmu kanuragan duwur bisa ngringanna awak banjur bisa mabur kaya Gatotkaca utawa kakek Astagina utawa Prabu Siliwangi nganti Raden Kian Santang. Jaman gemiyen ndeleng menungsa bisa karo ilmu sihir. Ndeleng jarak jauh karo banyu neng baskom nganti neng kaca. Siki sekang video call program android menungsa bisa ngomong jarak jauh. Tivi bisa dideleng sekang belahan ndunya liyane.

Menungsa sing mung bisa nganggo android utawa jenis media maya liyane. Ya isine mung bisa mbuang paket utawa pulsa nggo nyelancar neng dunya maya. Mung nonton video, mung dolanan game uga hal hal sing marakna ora bisa konsentrasi merga awak neng umah, pikiran neng internet mbuh neng ndi. Ning nek rika pada cerdas, ya pulsane utawa paket internet neng njero hp rika pada mesti dinggo aktifitas golet gawean.

Kondisi siki marakna wong sing kreatif golet ndunya duit uga penghasilan mung karo jempol, artine kabeh wis arep nganggo fasilitas industri 4.0 kaya sing tek maksud. Rika nyong pada kudu ancang ancang ngacar sekang siki ben ora ketinggalan nusul negara liya sing wis ngaplikasikna kabeh teknologi 4.0 . Awake dewek sing gaweane bakal digantikna neng robot kudu bisa ngacar nggawe gawean mandiri nggo masa depan.

Kondisi ndunya kaya kiye sing wis ganti cara mulyakna awak menungsa uga budhaya sing wis owah kiye kudu diimbangi karo ketrampilan. Nek ora bakal dilibas robot, dibabat kabeh gaweane awake dhewek kabeh. Rika kudu duwe kompetensi utawa ketrampilan khusus nglawan gaweane menungsa dewek. Babagan kaya kuwe kabeh pemda merga melu visine Presiden Jokowi, uga wis mulai ngaplikasikna industri 4.0, ana sing mulai gawe pencatatan online, ana sing mulai gawe survey statistik online, ana sing gawe perijinan online, nganti antrian rumah sakit online. Kuwe mau nggo nyejajarna daerahe dewek karo negara bangsane wong liya sing wis siap mlebu meng daerahe dewek.

Rika pada kudu ngacar ngimbangi 4.0, seorane teyeng bahasa global sing dinggo neng teknologi kuwe, nek ora awake dewek mung bisa gathik nyokot jenthik thok merga kalah bersaing. Ketungkul bangga bahasane dewek bisa dipelajari bangsa liya dadi basa International, tapi kelalen nek bahasa liya sing nyinauni bahasa Indonesia utawa Jawa nglangsam lancar, awake dhewek ora bisa bahasa Inggris utawa bahasa liyane sing marakna tenagane awake dewek payu neng negara lia.

Percuma tetep bae bisa bae dilomboni utawa kalah saing. Nek wis kaya kuwe oranana liya kudu nguati daerahe dhewek karo produk lokal, budhaya lokal, konservasi alam ben bisa dinggo obyek wisata, obyek budhaya , obyek kuliner uga liane. Dalan sing wis digawe. Alat transportasi sing wis disiapna pemerintah kudu bisa ndadikna dhewek kuat ekonomi, kuat budhaya, kuat produk lokal tekan pemasarane. Nek ora kuat ya kenang wong bangsa liya maning neng era Global. Mayuh pada ancang ancang , ngacar nyiapna awak , keluarga, bangsa, negara saingan kanggo nyejahterakna lair bathin seanane urip neng ndunya, berkah sentosa. Kelilaan.(*)

Beri komentar :
Share Yuk !