Vaksin

Sliwar sliwer informasi wis jamane rungsing merga digawe dewek, kabeh grup dipeloni, kabeh berita diwaca, kabeh medsos dilongok, kabeh postingan ditanggepi, kabeh status ‘dikepo’. Cara menungsa silaturahmi jaman siki wis tekan dunia maya, marakna sel uteke tambah akeh memori uga pendapat ning sering ora tuntas merga sing dibahas neng medsos seringe mung keluhan karo pendapat dudu ilmu sing dipahami.

Neng ndunya kawit virus, bakteri, jamur, kewan, menungsa, tekan setan kayane sifate berubah kabeh mutasi miturut jamane, jaman gemiyen setan mlebu mata menungsa angger pada ngintip wong adus neng sendhang jaman Jaka Tarub, siki pada nonton neng HP njeprah. Jaman gemiyen kuman neng kobis, neng kangkung cepet bisa diwisuhi neng banyu kali, siki diwisuhi banyu pam bae insektisidane ora ilang satus persen tambah kaporit, ana maning sing seneng ngombe banyu kemasan steril ning botole ngandung pencemaran mikroplastik.

Bojone rika bae kabeh siki nek ngobrol biasane pada ndungkul, bedane jaman mbiyen ndungkul merga hormat , takzim, siki ndungkul merga dolanan jempol neng android. Kuwe Kabeh nek digawe adat jaman gemiyen utawa saklek aturan ora olih dalil aqli ijma qiyas utawa ijtihad kabeh ndunya bubrah pada padu, merga kuwe kabeh sing kudu diadaptasi neng menungsa, adaptasi kehidupan baru. Wis bolak balik tek tulis, sing jenenge adaptasi mesti nyetresi, rika pada bae gara gara sinau matematika sing nyebeli mesti gurune esih kemutan. Kahanan stresor kuwe sing marakna menungsa emut, nek ora ndableg.

Sing siki lagi ribut ya babagan vaksin , virus sing dibiakna banjur dilemahna sengisore kekuatan sel imun utawa sel sing merangi virus neng jero awak menungsa. Kawit gemiyen sing jenenge pro kontra akeh, ana sing pendapat imun bakal kuat dewek, sing ora kuat ya mati tekdire, ana sing kiye ujud ikhtiar menungsa merga ilmune Gusti Allah syariat karo qauniahe kaya kuwe. Prinsipe virus lemah sing dilebokna neng njero menungsa wis diukur ben kalah karo sel tentarane dewek, nah nek wis ngerti virus sing tau mlebu neng awak, tentara utawa polisi mau banjur ngerti sapa sing mlebu maning malinge sapa rampoke sapa ngerti pola nyongkel jendelane, ngerti cara ngroyoke, dadi tentara polisi gampang ngringkus merga cirine keton.

Pemerintah genah wajib nglindungi wargane, mbuh ribute kaya apa ya tetep kudu njalana kesepekatan wong ahli sendunya mbuh kepriwe carane, nggratisna ewandene duite bisa go liyane, merga wong sehat kuwe nikmat sejati, uga sarat ben negarane urip ipoleksosbudhankamratane jalan. Mulya neng ndunya kaya dongane menungsa, mulya neng akhirat merga wis berbuat kabecikan. Mung wargane ya sukarela nek hake individualis, ning kewajibane karo lingkungan kepriwe, liyane wis bisa ikhtiar jihad gelem divaksin sijine nolak ya olih ning bisa dianggep normatif ora duwe komitmen sosial merga bisa dianggap ora gelem sedia payung sebelum hujan.

Teori pandemi kudu rika pahami kuwe wis dadi kasunyatan siki merga kabeh negara wis nyesuekna kaya rika pada akhire ndeleng bojo dolanan HP ya karepe merga rika sabar. Kondisi nrima undang undang uga termasuk sabar, kondisi nrima vaksin ya sabar, senajan kabeh mau hake rika pada secara sukarela gelem divaksin ben tujuan negara nglindungi masyarakat tercapai kaya sing rika pengini Kabeh. Sing ora gelem ya ora usah ngributi liyane, merga ana uga wong sing ora mlebu kriteria vaksin merga kondisime lemah.

Majuning ndunya Rika pada ngerti wis cemar kabeh, angger Rika pada ora mbiasakna njaga kebersihan, nganggo masker karo jaga jarak, lunga kang ndi bae langsung nemoni wong mriyang, pada bae rika nulari maning wong sing lagi lemah, pada bae rika ndidik generasi masa depan ora disiplin, merga sepuluh rongpukuh taun ngarep, anak putune rika pada bakal lewih runyek nek lelunga, lewih angel olih udara resik, lewih akeh penumpukan limbah hasil industri, lewih akeh alkohol neng ndunya sisa migas nek ora dinggo cuci tangan, uga liyane. Mayuh pada kompak bareng bareng njaga kesehatan, banjur nek awak penak mangkat vaksin, gratis ikih. Kelilaan. (*)

Beri komentar :
Share Yuk !